Maryati kencan ambek pacare, sing jeneng e Gundul. Pas kencan gundul kepingin rokokan. Ealahh rogoh-rogoh celono, gundul gak nemu koreke, terus takok pacare be'e ndhuwe korek. 
Gundul: "duwe korek ta dik?"
Maryati: "Koreke nang laci mas? " 
Pas mbukak laci, tibake gundul ndhelok onok fotone wong lanang dhempal brengosan, pokok e serem?? wes kaya preman kampung. Gundul langsung pucet wedhi kabeh.
Gundul: "Lho dik, iki bojomu ta? sangare dik." 
Maryati: "Huss . .ngawur ae . ."
Gundul: "Tunanganmu apa? . . ?"
Maryati:  "Dhudhuk mas....,?" 
Gundul:  "Ooo paling iki masmu, wong irunge mirip."?? 
Maryati: "Dhudhuk kog kang,??" 
Gundul: "Lek ngono sopo wong iki ?" 
Maryati nyedak trus njaluk pangku ambek mesam mesem. "Iku ngono fotoku dhewe sak durunge operasi . .mas?? "